DINA kuwe Markonah nggawa anake maring dokter sepesialis bocah. Pas gutul nggon praktekkane doktere agi ngobrol kambi pasiene.
“Wah, meseme manis pisan, jenenge sapa ya?” dokter Kemplu takon.
“Dona,” cah cilik sing jenenge Dona semaur.
“Wah, jenenge apik temen, ibunne mesti pas meteng nyidam donatya!” doktere ngomong.
“Lah, nek sing kiye sapa jenenge hayooo?” doktere takon.
“Dwi... Pak dokter,” bocah sing jenenge Dwi semaur.“Hhmm... nek sing kiye ibune mesti nyidam duit ya...” doktere ngomong kambi ngemekpipine Dwi.
Krungu ket mau doktere gole ngomong kaya kuwe ujug-ujug Markonah langsung narik tangane anake kambi ngajak lunga.
“Ayo TITI, dewek bali baen!!”(*)