Mbarang duwe pacar siki Kemplu dadi sregep banget gole sinau. Kaya dina kuwe merga ngesuk ana ulangan biologi deweke kepengin entuk biji sing maen mulane sewengi nutug Kemplu sinau.
Ngesuke pas mlebu kelas, Kemplu weruh ana sepuluh meja sing nang nduwure ana manuk sing kurungane ditutupi karo klambu. Sing diketokna kur sikil manuke tok.
“Ujian dina kiye nentukna jeneng, spesies-spesies manuk kur sekang ndeleng sikil tok,” Pak Guru Kemplu njelasna.

Kabeh muride mulai pada mentelengi sikil manuk eh mbok sapa ngerti bisa njawab. Tapi mbarang dipentelengi kabeh sikil manuk katonne padha.
Kemplu sing ngerasa wis sinau sewengian dadi kesuh karo ujian sing digawe nang Pak Daplun, guru anyar sing tembe seminggu mulang nang sekolahane Kemplu .
“Nek kaya kiye nyong percuma gole sinau, ujian apa kaya kiye, masa kur ndeleng sikile bisa ngerti jenis manuk apa, nek kaya kiye mending bali baen?” Kemplu sing emosian ngomong maring gurune kambi mlaku metu sekang kelas.
Krungu kaya kuwe Pak Daplun sing ora ngerti wateke Kemplu dadi kaget banget. Ndilalah deweke sing tembe dadi guru anyar nang kono durung apal jenenge
Kemplu . Pak Daplun njutan mlau ngoyok Kemplu.
“Mengko sit ...ora sopan temen sih kowe, sapa jenengmu?” Pak Daplun takon.
Ditakoni kaya kuwe Kemplu njutan narik celana dawane karo nidokna sikile. “Jajal pak guru ngerti ora sapa jenengku!” Pak Daplun: #@!*&^%

Berita Terbaru :
- Disperkimhub Kebumen Akui masih Kesulitan Tangani Fenomena Juru Parkir Liar
- LPJU di Kebumen masih Kurang 7000 Titik
- Momen Libur Panjang, Polres Gelar Razia Premanisme dan Balap Liar
- Sopir Travel Pengedar Sabu Ditangkap di Kebumen
- Mendadak, Personel Polres Kebumen Jalani Tes Urine
- AMV Global Indonesia Dukung Transformasi Digital UMKM
- Siswa PAUD di Kebumen Diajak Tanggulangi Bencana sejak Dini