KEMPLU kie lagi dadi tukang parkir nang supermarket paling gede nang kotane. Dasar Kemplu, gayane dadi tukang parkir kementhus tur kemlithak.
Lah dina wingi, Kemplu kaya biasane lagi bertugas. Lagi nyeruput teh manis diwadhahi plastik, ana mobil mandek nang cedheke Kemplu. Mbukak kaca mobil, terus ngomong. "Mas, aku olih parkir kene apa ora?" takone wong sing jenenge Juragan Daplun mau.
Kemplu meneng sedhela terus omong. "Ora olih!!" jawabe banter.
Krungu kandhane Kemplu, Juragan Daplun madan emosi setitik. "Deneng ora olih? Lha kae akeh mobil pada parkir nang kono deneng olih?" omong Daplun karo ngecungi jejeran mobil sing wis pada parkir.
Kemplu meneng keton madan bingung. Terus deweke nyemlong. "Kae anu pada ora takon, olih parkir apa ora nang kene," jawabe.
GLUBRAGGG....Juragan Daplun kejedod lawang mobil. (*)

Berita Terbaru :
- Sempat Memanas, Pol PP Kembali Tertibkan PKL di Alun-alun Kebumen
- Warga Alian Jadi Korban Penipuan via FB, Pelakukan Warga Nigeria
- Diterjang Banjir, Pondasi Jembatan Sipendok Ambrol
- 310 Peserta Ikuti Badminton Fest 2025
- Gaji Pas-pasan, PerguNU Wadul Bupati Kebumen
- Pol PP Kebumen Dapat Penghargaan dari Pemprov Jateng
- Bupati Kebumen Bantu Suami Istri Penderita Polio dan Celebral Palsy